(Mantan) Sahabat?

mari ndelok arek nanges
lebih tepatnya arek sing nanges mbek cerito-cerito tentang masalahne arek e
sumpah gak tego
opo maneh cerito sing nggarai de e nangis iku perkoro...
SAHABAT

jasik
koyok e gak onok cerito lek sahabat iku nggarai nangis
biasane se sahabat iku nggarai ngguyu ngakak
sak erohku iku ngono

eh... tibak e
pemikiranku sing terlalu sempit
sahabat iku onok sing mblenyek koyok telek
gak nggarai seneng tambah susah

yo ngono iku arek sing ngejar kesempurnaane wong liyo
padahal arek e dewe gak NGOCO lek de e gak sempurna
ngkok lek aku kadung mangkel, tak tukokno KOCO seken ndek comboran
tak kirim langsung nang ngarep omahmu
utowo
langsung tak sawat ndek raimu

kon iku sakjane lapo se rek?
ngguwak ngguwak arek sing tau nggarai kon ngguyu
tau berbagi cerita mbek kon
trus saiki kon tego ngguwak arek iku
dan ngongkon wong liyo sing gak ngerti opo-opo pisan mbenci arek iku

mek gara-gara opo?
gara-gara ketidaksempurnaane arek iku?
double jasik
oh iyo se, aku lali
kon lak sempurna a. hehe. sori

sing goblik e maneh
kon tiba-tiba ngguwak tanpa ngucapno basa-basi
lomba mewarna tingkat TK ae pas penutupan onok sambutane
mosok persahabatanmu kalah mbek lomba mewarna tingkat TK?

gak onok arek sing koyok mama loren rek
arek gak iso ngramal
gak iso ngerti kapan kon seneng, kapan kon sedih
makane kon cerito o
LAMBE iku diciptakno gae ngomong
guduk gae rasan-rasan
sak aken tah de e gak ngerti opo-opo trus mboh adohi
paleng lek kon ngomong nang arek e
arek e iso ngerubah sifat e arek e
sing jaremu gak sempurna iku lho

tapi...
sakjane sahabat iku saling nerimo
kon kurang ndek kene, tak lengkapi
aku kurang ndek kene, mbok yo tulung lengkapono
koyok puzzle i lho rek
lak saling melengkapi ndek setiap bagiane a
cek iso ketok gambar apik
iyo gak?

sakdurunge sori yo,
sori lek kata-kataku kasar
sori lek aku nulis ndek blogku (lapo aku njauk sepuro. wong iku blog-blogku dewe-_-)
sori lek aku ikut campur urusanmu
aku mek ngekek i roh
cek kon kabeh iku sadar
aku ngerti rek kon duwe ati (masio aku jek ragu kon duwe utek)
dadi simpati o i lho nang wong liyo
ojok urip nggae sudut pandangmu dewe
ok, girls?

sing dino iki gak onok PR,
Aprilia Widia Andini


No comments:

Post a Comment