Karep judule opo


Sopo se sing ndek ndunyo iki gaduwe pengganggu ?
Kon ? Halah mosok se ? Gak mungkinlah -__-
Pasti kabeh wong duwe pengganggu.
Mboh adik e, mboh mantane, mboh wong sing nge-fans karo de'e
Tapi fans-fans setiaku, gak tak anggep pengganggu kok. Tenang ae O:)

Pengganggu iku koyok hama (laiyo ancen -_-)
Susah dimusnahno e. Tapi lek wes musnah pasti onok resiko ne.
Opo resiko ne lek wes musnah ?
KANGEN.
Oke ulangi cek greget.

K.A.N.G.E.N
Iki guduk jeneng band sing penyanyine ngguanteng iku lho (majas ironi)
Iki perasaan sing dirasakno kabeh umat manusia
Sing terutama iku remaja.

Coba yo bayangno.
Saiki awakmu nganggep adikmu utowo mbakmu masmu iku pengganggu
Coba lek mereka kabeh ilang. Tau-tau dadi anteng koyok penganten anyar
Yo yopo gak kengen ngono iku ?

Dadi iso disimpulno : KANGEN iku mang asal mulane tekan KEBIASAAN.
Kon yo lek duwe kebiasaan PUP mbendino mari tangi turu
Trus isuk-isuk ngono, awakmu gak iso PUP
Yo opo rasane ? Gak enak kan ?
Paling yo kon mekso-mekso lungguh ndek jamban
Masio gak metu, sing penting duwe feel PUP iku dewe

Tapi yo yo opo yo.
Duwe pengganggu iku gak nyaman.
Opo maneh lek ngganggune wes overdosis
Mentolo ngeplak ambek nyamblek ae.
Tapi yo lek gak diganggu iku maleh gak enak pisan.
Iso nggarai KANGEN

Walah ruwet nemen to urip iki, nduk, le.
Kon gak gelem ruwet uripmu ?
Yo matio lak gak ruwet a

Yo ngene iki urip
Opo sing awakdewe gak seneng dino iki
Iso ae sesok awakmu iso seneng
Uwong sing mbok tolak dino iki
Iso ae sesok awakmu sangat mbutuhno wong iku
Dadi ojok nyia-nyiakno opo sing kon entuk
Luwih gampang bersyukur rek, timbang protes ae koyok DPR

Bagi kalian pengganggu-pengganggu sejati
Yo ojoklah ngganggu wong sing kok ganggu secara overdosis
Tapi yo ojok moro-moro ngilang koyok jinni oh jinny ngono (kenopo kudu jinni oh jinny?-_-)

Sesuatu sing berlebihan iku gak apik rek
Sesuatu sing kekurangan iku yo gak apik.
Standart ae lha.
Sing penting urip iku dinikmati
Ojok kakehan polah.
Ojok kakehan protes.
Jalani ae jalan sing kon pilih dewe
Kabeh keputusan onok resiko ne masing-masing

Oke. Ngono ae wes.

yo iki aku,
Aprilia Widia Andini

No comments:

Post a Comment