halo panas,
duh awan-awan ngene iki wes panas, tambah onok wong sing nggarai panas pisan
kudune se kate meso
sangking ae meso dilarang agama
maleh mesone ditahan sek. nyobak bersikap dewasa disek
ngeladeni arek sing utek e koyok arek TK iku ancen perlu kedewasaan
lek podo-podo kekanak-kanakkane yo gak bakal nemu jalan keluar
halah babah
gak nemu jalan keluar yo gak masalah
aku yo gak peduli
kon sopo ku he?
lek kon gak onok ndek uripku yo aku bakal baik-baik saja
dadi...
gak usalah lambemu iku ngetokno kalimat sing kon dewe gak iso ngelakoni
gak usah suaramu iku mbrebeki kupingku
muales sumpah ngrungokno suaramu
iyo lek suaramu koyok One Direction ngono,
suara tokek ae jek luwih apik timbang kon.
aku nulis ngene sakjane mek pengen nyalurno ae opo sing tak rasakno
aku ngerti pasti salah satu diantara kon onok sing moco,
trus ngroso. sip
trus lak de e rasan-rasan mbek konco-koncone
trus de e nyindir ndek tweet
trus aku mbales sindirane
trus konco sijine ngomong: "gak usah nyindir ndek twitter po'o"
jasik.
terlalu klise hidup kalian itu.
gae en uripmu iku luwih berwarna ngono lho
ojok madan-madani FTV po o
gilo i lho
intine, aku nulis iki mek gae kondo nang kon kabeh
lek kehidupan iku gak konco tok sing ngampiri
arek bosok alias musuh pasti onok sing ngampiri
wes gak diundang
ngampir-ngampiri dewe
koyok opo kon iku rek?
koyok tahi a?
sori rek. aku awale suayang mbek kon rek.
NUEMEN sak nemen-nemene
ndek folder fotoku
foto-fotone kalian iku tak jenengi "sayaangkuu"
tapi saiki tak jenengi opo?
gak tak jenengi opo2
soale wes tak busek
males ae ndelok raimu
aku pisan gak ngerti
sing ndisik tak suayangi nemen
saiki koyok kudu ngeplak raine
kudu pisah
kudu tak pisui
mungkin iku jenenge permainan kehidupan
gak usah nggolek pemenange
mek nggolek ae sopo sing iso bertahan
sekali lagi sori,
lek kata-kataku terlalu kasar
sori, aku gak munak
lek aku kadung loro ati yo ngene iki
aku kudu balas dendam sak isoku
sampek kon ngerasakno opo sing tak rasakno
sori, aku gak sempurna
gak koyok kon sing sempurna dan selalu bener
sori aku nulis ndek dunia maya
aku ancen gak tego ngomong langsung ndek ngarepmu
koyok kon sing gak wani ngomong langsung ndek ngarepku
HAHA. suwon
sing kudu meso,
Aprilia Widia Andini
No comments:
Post a Comment